Rabu, 15 Juli 2009

Aja Dumeh

elinga lakunira,......yen ta urip neng alam padhang iki mung sedhela... mulane aja padha nggegampang tumindak.
aja dumeh sira lagi nduwe kapinteran terus minteri marang sapadhaping titah...
aja dumeh sira lagi sugih bandha bandhu terus orang eling apa sing mbok pangan, wusanane ndadekake penyakit kang angel tambanane.
aja dumeh sira lagi neng ndhuwur terus ngidak-idak sing neng ngisor.....
elinga yen ta sira diarani dhuwur iku merga ana sing cendhek.... sira diarani sugih iku merga sing mlarat..... sira diarani pinter iku merga ana sing bodho....
mulane elinga kaki yen ta urip mono sejatine wus mung kari anglakoni garising pepesthen kang wus sinerat dening Gusti kang akarya jagad.
nanging sira ya kudu eling.......... sanandyan uripe manungsa wus cinathet garising pepesthene aja terus nglokro loyo pasrah bongkokan marang nasib.
isih ana kaca buku kang kosong sing kudune mbok tulisi dhewe..... mula tinimbang mbok tulisi sing ora genah luwih becik tulisana nganggo mangsi emas kang gumebyar kang bisa gawe sengseming liyan.....
mbok menawa kanthi laku kang mengkono iku sira bisa slamet donya tumekeng delahan kulup............

Tidak ada komentar:

Posting Komentar